Rabu, 25 Desember 2013

Cinta Dalam Hati

Aku bingung pie ngomonge. Aku kudu pie ben koe ngerti nek ket bien aku seneng koe! aku seneng banget karo koe. semenjak pertama ngerti, sampek saiki aku lulus sekolah aku tetep seneng mbi koe. Aku pengen ngomong, tapi aku wedi nek ngisin2i koe. Aku ngerti aku ki sopo, aku ngerti aku ora berkelas koyo koe karo cewek cewek sing neng sekitarmu. Aku ra wani ngomong, aku minder.Aku isin, aku wedi nek mbo guyu, wani wani men aku seneng mbek koe, wanimen ??? aku sopooooooo ???  Aku yo emoh nek koe isin karo konco2mu nek sampek ono sing eruh koe disenengi karo wong koyo aku. Aku ngerti koe cedak karo cah kae, jelas2 iku wong sing tak kenal wong sugeh, ayu ora koyo aku, aku ora ndue opo2. Aku raiso menehi opo2 nggo koe. Kudune bien koe ora ngehubungi aku, sumpah aku wes bener2 lali karo koe, aku lali nek aku pernah ngefans karo koe, aku lali nek aku ndue kakak kelas koe, aku lali koe sopo, aku lali jenengmu aku lali opo2 tentang koe, tapi ngopo koe malah ngehubungi aku ? setelah setahun aku ora ketemu koe, setelah setahun angel aku nglalekne koe, koe malah teko neng uripku.Koe ngerti pie senengku pas aku ngerti ternyata koe kenal aku ? Aku orapercoyo nek koe kenal aku.Aku ki sopo??? isomen koe kenal aku ? Aku seneng banget koe ngehubungi aku, tp nek ujunge ngene mending orasah mbo hubungi.  Sumpah semenjak koe ngehubungi aku, aku raiso nglalekne koe sampek saiki wes sekitar 2 tahun, aku kesel. Aku pengen mundur, tapi aku oraiso. Aku mung iso nameti koe ko adoh, moco moco statusmu, coment comenmu karo cewe lio, nyesek ngerti ra ?? ajur atiku, nameti fotomu karo wong wedok, nameti hubungan statusmu berpacaran. Sumpah, koe wong sing paling nglarani aku. padahal koe dudu sopo sopoku. Tapi aku sadar koe ora salah opo-opo kok, aku sing salah. Aku terlalu ngarep karo koe.
Koe kadang teko, kadang ngilang rumangsamu aku opo ? rumangsamu opo penak dingonokne ? sangger wis niat nglalekne koe ,mesti koe moro meneh, terus ngilang meneh. Koe ngajak aku miber mari ngono aku mbo jeblokne. Terus koe karo wong lio. Koe mlaku terus noleh neng aku, seakan akan ngajak aku jalan jalan, koe ngulurne tangan neng aku, koe meh nuntun aku neng gon sing apik tapi pas aku meh nyekel tanganmu aku mbok les'i terus aku tibo gek mbo tinggal lungo. Aku nangis koe orakrungu, Aku nggerok koe oranoleh. Lorrrooooooooo!! sumpah!! Opo koe pegel karo aku ? opo koe nyesel kenal aku ? aku ngapakne koe sampek koe pegel mbek aku ?? Aku kudu pieee meneeeeehhhh ???? Opo akune sing terlalu longor ?? goblok banget akune
Aku ngerti koe nonton band2an karo cewe, aku ngerti replymu twitter karo cewe, aku ngerti status2 bbm mu, aku ngerti DP mu mbek cewek, aku ngerti kabehhhh gek kui soyo nglarani aku!!! Aku soyo minder ngerti sopo wae cewe sing cedak mbek koe, gilak!! highclass kabeh!! terus aku ?? aku keset nggo koe nek enek regetan sing nempel neng sikilmu, terus nek regete wis ilang koe lungo karo cwe lio meneh ??  koe ora krungu aku nangis kejer ? koe ora nameti mripatku sembab nangisi koe ?? haaaaa ?? koeora ngerti ping piro aku nangisi koe ? koe orangerti pie loro ne aku ?? koe ora ngerti kabehhhh!!!
Aku wes njajal nglalekne koe, tapi oraiso!!  Sepurane tenan nek senengku neng koe marai koe susah, marai koe risih, mugo wae koe rangerti nek aku seneng koe. Secepatnya aku bakal usaha terus nggo ngilangne seneng neng koe! Aku ora pengen ngisin2i koe. Mugo wae koe entuk sing apik tenan nggo koe, sing iso nyenengne koe. Mugo cewek sing sering mbo gawekne status, cewek sing marai koe sedih iso ngerti yen koe seneng mbek wonge, terus koe pacaran karo cah kui. Ben koe seneng, ben koe ora ngrasakne opo sing tak rasakne.



Nb : Cerita di atas hanya fiktif belaka. Jika suatu saat orang yg dimaksud membacanya, jangan percaya!
Dan sori kalo ceritanya pake bahasa jawa, emang disengaja..

UNGU-CINTA DALAM HATI